Nilai-nilai Karakter ing Budaya Jawi

 

 

Ing jaman punika, kathah prekawis ingkang damel trenyuh. Kathah kasus korupsi, suap, money laundry, lan sapiturutipun. Kasus-kasus punika dipuntindakaken dening para pejabat, pegawe pamarintah, wakil rakyat lan kanca-kancanipun. Para piyantun punika sanajan becik pakaryanipun, ananging wonten oknum ingkang ancasipun boten becik ugi. Menawi dipuntliti, piyantun ingkang serong punika kalebet tiyang ingkang boten kuwat pondhasinipun, boten kuwat watak kesatriyanipun. Pramila, pondhasi ingkang kuwat lan watak ingkang kesatriya punika kedah dipun-upayakaken, dipuntanem, lan dipunrembakakaken.

Karakter/watak kesatriya punika wigati sanget. Menawi babagan punika ical saking dhiri pribadi, tiyang punika dados ala pakartinipun, ingkang dipuntindakaken mlencong saking kabecikan, anamung nurut kaliyan napsunipun, nindakaken prekawis ingkang saged ndadosaken piyambakipun untung ananging boten predhuli kaliyan tiyang sanes punapa untung utawi rugi.

Nilai-nilai karakter/watak punika kathah sanget, antawisipun: religius, disiplin, tanggung jawab, tresna nagari, tepa slira, lan sapiturutipun. Nilai-nilai punika kathah ingkang kaandut ing kagiyatan sosial, budaya, sastra, ugi dipun-andharaken ing kagiyatan sekolah. Nilai-nilai karakter punika nembe dipun-gencaraken ing pawiyatan, satemah babagan punika asring sanget kita mirengaken.

Nilai karakter punika ugi kaandut ing kabudayan. Koentjaraningrat (salebeting Sutardjo, 2010: 12) ngandharaken bilih budaya punika saking tembung “buddhayah” (basa Sansekerta) ingkang wujud jamak saking “buddhi” budi/akal. Dados kabudayaan punika babagan ingkang wonten gayutanipun kaliyan budi lan akal. Salejengipun, Sutardjo (2010: 14) ugi ngandharaken bilih kabudayan punika kompleks sanget, ngandut kathah kahanan lan kabetahanipun bebrayan, bilih bebrayan tradhisional lan bebrayan modern amargi ngandut: 1) sistem religi lan upacara agama; 2) sistem lan organisasi bebrayan; 3) sistem pangertosan; 4) basa lan sastra; 5) kesenian; 6) sistem pakaryanipun bebrayan; 7) sistem teknologi lan piranti.

Andharanipun Koentjaraningrat lan Sutardjo ing nginggil punika nedahaken bilih salebeting budaya punika kathah nilai-nilai ingkang saged dipunpendhet bab-bab ingkang sae. Sapunika amargi budaya ngandut babagan ingkang sejatosipun dipunbetahaken dening para manungsa ing bebrayan. Menawi bab-bab ingkang sae kala wau saged dipuntindakaken, bebrayan punika saged dados bebrayan ingkang madani.

Budaya ing Indonesia punika langkung kathah, amargi suku ing Indonesia kathah sanget lan saben suku punika anggadhahi budaya ingkang khas piyambak- piyambak. Ing tlatah Jawi, budayanipun langkung kathah, kondhang lan menawi dipuntlaah kathah ingkang ngandut nilai-nilai karakter ingkang sae lan becik menawi dipuntindakaken ing gesang lan bebrayan.

Salah satunggaling budaya Jawi punika Upacara Sedhekah Laut. Tradhisi Sedhekah laut asring dipuntindakaken ing kathah tlatah ing Indonesia. Sedhekah laut punika anggadhahi teges inggih punika nyisihaken rejekinipun saking Allah swt, ingkang saking kasil laut lajeng dipunparingaken dhumateng para tiyang ingkang mbetahaken, arupi dhaharan, dolanan, lan sapiturutipun kanthi iklas.

Tuladhanipun tlatah ingkang nindakaken upacara tradhisi sedhekah laut inggih punika Kitha Pekalongan. Tradhisi Sedhekah Laut ing Kitha Pekalongan asring dipunsebat “Tradhisi Nyadran”. Tradhisi punika dipuntindakaken dening bebrayan nelayan saben Sura/Muharram. Upacara Sedhekah Laut punika katindakaken kangge ngaturaken raos sokur dhumateng Allah swt, ugi kanthi pandonga supados dipunparingi rejeki ingkang kathah lan tansah pikantuk keslametan nalika nindakaken pagesangan dados nelayan.

Ing tradhisi punika, para nelayan sesarengan kaliyan bebrayan ngawontenaken Ritual Sadranan kanthi ndandani prau-prau nelayan ingkang isinipun sesaji, kadosta endhas kebo, jajan pasar, ringgit Dewi Sri lan Pandhawa, lan dolanan bocah. Sawetawis sampun dipundongakaken lajeng dipun-asta dhateng madya laut lajeng dipunlarung. Ingkang sepisanan dipunwiwiti nglarungaken endhas kebo dening tokoh spiritual. Wosipun prau ingkang sampun dipunlarung dados rebutan lare-larenipun nelayan kanthi pangajap pikantuk barokah saking Allah swt mawi piranti lan uba rampe ingkang dipunlarung kala wau.

Lakoning Upacara Nyadran dipunwiwiti saking Balai Kota lajeng dipun-arak tumuju pantai utawi Pelabuhan Pekalongan. Saderengipun, dipunwiwiti kanthi sambutan-sambutan saking para tokoh. Dugi ing pelabuhan, adicara upacara Sedhekah Laut dipuntindakaken kanthi ngasta sedaya sesajen dumugi samodra, ananging dipundongakaken rumiyin ingkang dipunpimpin dening tokoh ulama. Salajengipun sedaya uba rampe lan sarat ingkang dipunlarung ing samodra kasebat dipunwuculaken lan dipuntututi dening nelayan lan kaluwarganipun. Sawetawis para lare lan nelayan rebutan dolanan ingkang dipunlarung kala wau. Salajengipun dipunwontenaken upacara Slametan kanthi tumpengan lan donga slametan ingkang dipunpimpin dening tokoh ulama. Siyang utawi sontenipun dipunlajengaken Pagelaran Ringgit Wacucal kanthi lakon “Badug Basu”.

Tradhisi Upacara Sedhekah Laut utawi Nyadran ing Kitha Pekalongan punika sae sanget amargi kalebet nglestantunaken budaya mliginipun budaya Jawi. Ing jaman samenika, budaya kedah dipunlestantunaken amargi kathah bab-bab ingkang becik ingkang saged dipunpendhet lan dipuntindakaken ing gesang lan bebrayan. Salah satunggal bab ingkang kaandut ing Upacara Sedhekah Laut utawi Nyadran ing Kitha Pekalongan inggih punika nilai karakter/watak.

Nilai karakter/watak ing Tradhisi Nyadran Kitha Pekalongan punika wonten kathah ingkang kaandut ing salebetipun. Menawi dipuntlaah kanthi premati, wonten religius, demokratis, predhuli sosial, tanggung jawab, tresna nagari, lan tolenransi/tepa slira.

Religius, sedaya kagiyatan ingkang dipuntindakaken ing upacara tradhisi Nyadran ing Kitha Pekalongan punika dipuntindakaken amargi raos sokur ugi pandonga dhumateng Allah swt. Sedayanipun konjug dhumateng Allah swt. Sapunika nedahaken menawi tradhisi Upacara Nyadran punika ngandut nilai religius ingkang kuwat sanget.

Demokratis, ingkang dipuntedahaken kanthi sedaya nelayan punika anggadhahi kuwajiban lan hak ingkang sami. Sami-sami nindakaken Tradhisi Upacara Nyadran ingkang katindakaken satunggal taun sepisan.

Predhuli Sosial, ing salebeting Tradhisi Upacara Nyadran punika kaandut nilai predhuli sosial amargi sedhekah laut punika ancasipun kangge biyantu para tiyang ingkang mbetahaken. Kajaba kangge ngaturaken raos sokur lan pandonga dhumateng Allah swt, nyadran punika dipunwontenaken ugi kangge sedhekah tumrap sesami ingkang mbetahaken.

Tanggung jawab, tegesipun inggih punika para nelayan ingkang nindakaken tradhisi Upacara Nyadran punika kalebet tiyang ingkang tanggung jawab, amargi sampun nindakaken kuwajibanipun, inggih punika ngawontenaken Upacara Nyadran satunggal taun sepisan.

Tresna kaliyan negaranipun, sapunika katingal saking para nelayan nindakaken tradhisi Upacara Nyadran. Nindakaken Upacara Nyadran punika kalebet tresna nagara mliginipun budayanipun, kanthi dipuntedahaken lumantar ngawontenaken lan nindakaken budaya Jawi, inggih punika upacara Nyadran kasebat.

Toleransi/tepa slira, tepa slira ingkang wonten ing salebeting tradhisi Upacara Nyadran punika amargi Upacara Nyadran dipunwontenaken dening para nelayan, ananging ugi dipunbiyantu bebrayan, lan bebrayan ageng ugi pikantuk menawi badhe ndherek adicara Upacara Nyadran kala wau. Pagelaran Ringgit Wacucal punika ugi katujokaken dhumateng sedaya bebrayan. Sapunika nedahaken tepa slira ingkang sae sanget.

Budaya Jawi kadosta tradhisi Upacara Nyadran punika agung sanget, amargi kathah babagan ingkang sae lan becik. Kathah nilai-nilai karakter ingkang saged kita pendhet lan teladhani amrih ing jaman punika sampun awis pemimpin ingkang saged dipuntiru karakteripun. Sapunika langkung sae malih menawi kita saged mendhet bab-bab ingkang sae kala wau lajeng dipuntindakaken ing gesang lan bebrayan.

Nindakaken tradhisi budaya punika ugi wigati sanget, amargi budaya punika kedah dipunlestantunaken. Pramila, budaya punika kedah kita lestantunaken supados boten ical utawi dipunpendhet bangsa liya. Ugi boten lepat menawi kita tansah nguri-uri badaya-budaya ing Indonesia, sapunika mesthi kathah mupangatipun kangge kita sedaya. Mangga, kita nguri-uri budaya!


KAPUSTAKAAN

 

Badan Penelitian dan Pengembangan Pusat Kurikulum. 2010. Pengembangan Pendidikan Budaya dan Karakter Bangsa. Jakarta: Kementerian Pendidikan Nasional.

Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Provinsi Jawa Tengah. 2009. Pengkajian Upacara Tradisional di Kota Pekalongan Jawa Tengah. Semarang.

Kebijakan Pengembangan Pariwisata Kota Pekalongan. 2003. Pekalongan: Kanparbud Kota Pekalongan.

Poerwadarminta, W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia.

Potensi Pariwisata Kota Pekalongan. 2001. Pekalongan: Kanparbud Kota Pekalongan.

Sutardjo, Imam. 2010. Kajian Budaya Jawa. Surakarta: Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <s> <strike> <strong>